Momentum Merekatkan Ukhuwah Bainal Muslimin

Momentum Merekatkan Ukhuwah Bainal Muslimin

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi nuju bingah utawi sisah, longgar utawi rupeg, rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, Amin.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya, Sampun dados tradisi lan pengadatan ingkang sae wonten masyarakat kita bilih saben wulan Syawal sami halal-bihalal, ngapura-ngapuran, silaturrahim ngraketaken pasederekan antawisipun setunggal lan sawenehipun. Swasana menika kedah kita dadosaken minangka momentum ngraketaken kekadangan ing antawis kita sedaya. Kita kedah tansah guyup rukun, welas-winelasan, bantubinantu lan tulung tinulung ing antawis kita. Kwajiban tumrap kita Umat Islam tansah njagi pasederekan lan ugi nebihaken perkawis ingkang nuwuhaken karenggangan tumrap kita, jalaran kita punika tetep pasederekan, bersaudara nunggil Iman lan Islam. Kula aturi enget dawuhipun Allah :

Read More

“Sejatine wong wong kang pada Iman iku bersaudara, mula pada rukuna antarane sedulurane sira kabeh, lan pada wedia sira kabeh ing Gusti Allah”. (QS.Al Hujurat:10).

Khutbah selengkapnya bisa didapatkan pada link berikut 6 126. KHUTBAH 05 Mei 23 (Syawal 2).pdf – 776 KB

Related posts